YUNUS 1:3 - Kitab Sutji3 Nanging Nabi Yunus banjur tata-tata arep mlajeng menyang Tarsis adoh saka ing pangayunane Pangeran Yehuwah; nuli tindak menyang ing Yafo; ing kono ana kapal, kang arep mangkat menyang Tarsis; sawuse mbayar wragadinng laku, banjur minggah ing prau, bebarengan karo wong-wong kang menyang Tarsis, adoh saka ing pangayunane Sang Yehuwah. Faic an caibideil |
Nuli padha ngwenehi dhuwit marang para tukang batu lan tukang kayu, sarta ngwenehi pangan lan omben-omben tuwin lenga marang wong Sidon lan Tirus, supaya padha nggawaa kayu eres saka ing pagunungan Libanon nganti tekan segara ing sacedhake Yafo, miturut idin kang wis diparingake dening Sang Prabu Koresy ratu ing Persia.
Sanyata Ingsun kang dianti-anti dening pulo-pulo kang adoh; kapal-kapal ing Tarsis padha lumaku ana ing ngarep, padha nggawa anak-anakira lanang saka ing adoh, sarta momot salaka lan emas, kagem asmaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira lan marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allnahe Israel, sabab Panjenengane paring kalulhuran marang sira.
Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.