YUNUS 1:2 - Kitab Sutji2 “Sira mangkata, paranana kutha gedhe Niniwe lan ngundhangna pameleh marang nagara iku, awit durakane wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.” Faic an caibideil |
Nanging ing kono ana sawijining nabine Pangeran Yehuwah, kang asma Odhed. Nabi iku tindak methukake wadya-bala kang bali menyang ing Samaria lan ngandika marang wong-wong mau mangkene: “Lah awit saka dukane marang Yehuda, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, ngulungake wong-wong iku marang ing tanganmu, sarta kowe padha gawe pepati ana ing satengahe kanthi riwuding nepsu kang nganti sundhul ing langit.
Nanging samangsa kawula mosik: “Aku emoh ngelingi Panjenengane lan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”, ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantar ingkang pinepetan wonten ing balung kawula, kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken, nanging boten kuwawi.