YUNUS 1:16 - Kitab Sutji16 Awit saka kang mangkono iku wong-wong mau dadi banget wedine marang Sang Yehuwah, sarta padha nyaosake kurban sembelehan konjuk marang Sang Yehuwah, sarta nglairake punagi. Faic an caibideil |
Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun? Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara, kang dadi wewates tetep, kang ora kena dilangkahi? Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah, sanadyan alun-alune gumulung-gulung, iya ora bakal ngliwati watese.
Ing kono banjur padha nyebut marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi-mugi kawula sampun ngantos tiwas pejah margi saking nyawanipun tiyang punika, punapadene sampun ngantos Paduka nempahaken bab punika dhateng kawula sadaya, rah ingkang resik, awitdene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun nindakaken punapa ingkang Paduka karsakaken.”
Nanging wangsulane Malaekate Sang Yehuwah marang Pak Manoakh: “Sanadyan Ingsun sira aturi kendel, sesaosanira bakal ora Sundhahar. Dene manawa sira arep olah iku kanggo kurban obaran, iku saosna marang Sang Yehuwah.” Mulane mangkono sabab Manoakh ora sumurup, manawa Panjenengane iku Malaekate Sang Yehuwah.