banjur dipetak bareng karo balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan kang putra ana ing tanah Benyamin, ing Zela, ing pasareane Sang Kisy, kang rama. Wong padha nindakake sakehe dhawuhe Sang Prabu Dawud; dene sawuse iku Gusti Allah nyembadani pandonga tumrap nagara iku.
Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun sarwa tumitah, sinten ingkang kados Paduka? Paduka punika santosa, dhuh Yehuwah, saha kasetyan Paduka wonten ing sakubeng Paduka.
Sapa ngreti, mbokmanawa Gusti Allah banjur santun panggalihe sarta apiduwung tuwin karsa nyirep bebendune kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”
Pangandikane Gusti: “Yagene kowe padha wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?” Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani angin sarta sagara, tumuli sirep.
Para sakabat banjur sowan, ngwungu Gusti Yesus, unjuke: “Guru, Guru, kawula sami katiwasan!” Panjenengane iya tumuli wungu, angin lan banyu kang ngamuk iku padha didukani, temah lerem, kaananing sagara dadi anteng.