YUNUS 1:14 - Kitab Sutji14 Ing kono banjur padha nyebut marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi-mugi kawula sampun ngantos tiwas pejah margi saking nyawanipun tiyang punika, punapadene sampun ngantos Paduka nempahaken bab punika dhateng kawula sadaya, rah ingkang resik, awitdene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun nindakaken punapa ingkang Paduka karsakaken.” Faic an caibideil |
Para awak-awaking prau padha kataman giris, kabeh padha sesambat marang allahe dhewe-dhewe, sarta momotan kang ana ing prau padha dibuwangi ing sagara supaya praune dadi entheng. Nanging Nabi Yunus iku wus mandhap menyang ing peranganing prau kang ngisor dhewe lan banjur sarean, wasana sare kepatos.