YUNUS 1:12 - Kitab Sutji12 Wangsulane Nabi Yunus: “Kula sampeyan angkat, kacemplungna ing saganten, temah saganten temtu lajeng lerem saha boten nempuh dhateng sampeyan sadaya malih. Margi kula ngretos, anggen sampeyan katempuh ing prahara ageng punika, margi saking kula.” Faic an caibideil |
Sang Prabu Dawud munjuk marang Gusti Allah: “Rak kawula punika ingkang aken ngetang rakyat, saha kawula piyambak ingkang dosa tuwin ingkang nindakaken piawon, nanging menda-menda punika sami nglampahi punapa? Dhuh Pangeran Yehuwah, Gusti kawula, asta Paduka mugi ndhawahana kawula saha kulawangsa kawula, nanging sampun ngantos tumempuh dhateng umat Paduka.”