11 Karodene pitakone marang Nabi Yunus: “Sampeyan kula punapakaken, supados saganten saged lerem saha boten nempuh dhateng kula sadaya malih, awit sagantenipun saya ageng ombakipun.”
Wong kabeh dadine padha wedi banget, sarta banjur celathu marang Nabi Yunus: “Sampeyan kok nglampahi makaten?” Anggone ngucap mangkono iku marga wus ngreti, yen Nabi Yunus iku lolos ngedohi pangayunane Sang Yehuwah; awit wus padha dicritani mangkono.
Wangsulane Nabi Yunus: “Kula sampeyan angkat, kacemplungna ing saganten, temah saganten temtu lajeng lerem saha boten nempuh dhateng sampeyan sadaya malih. Margi kula ngretos, anggen sampeyan katempuh ing prahara ageng punika, margi saking kula.”