Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUNUS 1:10 - Kitab Sutji

10 Wong kabeh dadine padha wedi banget, sarta banjur celathu marang Nabi Yunus: “Sampeyan kok nglampahi makaten?” Anggone ngucap mangkono iku marga wus ngreti, yen Nabi Yunus iku lolos ngedohi pangayunane Sang Yehuwah; awit wus padha dicritani mangkono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUNUS 1:10
8 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”


Senapati Yoab banjur munjuk marang Sang Prabu: “Sang Yehuwah mugi mewahana kathahipun kawula tikela satus tinimbang ingkang sapunika tuwin mugi tingal dalem nguningani piyambak. Nanging kenging punapa dene gusti kawula Sang Prabu kok ngarsakaken ingkang kados makaten?”


Binenturan dening Allah tanpa welas, kalawan gugup anggone ngoncati astane.


Karodene pitakone marang Nabi Yunus: “Sampeyan kula punapakaken, supados saganten saged lerem saha boten nempuh dhateng kula sadaya malih, awit sagantenipun saya ageng ombakipun.”


Nanging Nabi Yunus banjur tata-tata arep mlajeng menyang Tarsis adoh saka ing pangayunane Pangeran Yehuwah; nuli tindak menyang ing Yafo; ing kono ana kapal, kang arep mangkat menyang Tarsis; sawuse mbayar wragadinng laku, banjur minggah ing prau, bebarengan karo wong-wong kang menyang Tarsis, adoh saka ing pangayunane Sang Yehuwah.


Sang Pilatus bareng miyarsa atur kang mangkono iku, saya wuwuh ajrihe,


Pangandikane Sang Senapati Yusak: “Kayadene anggonmu nekakake bilai marang aku kabeh, mangkono uga Sang Yehuwah ing dina iki uga ndhatengake bilai marang kowe.” Akhan tumuli kabenturan watu dening wong Israel kabeh, banjur diobong ing geni lan dikrutugi watu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan