Banjur padha tekan ing kutha Yerikho. Nalika Gusti Yesus tindak miyos saka ing Yerikho, kadherekake dening para sakabate lan wong akeh gumrudug, ana wong ngemis wuta, jenenge Bartimeus, anake Timeus, linggih ndheprok ing pinggir dalan.
Ana kang mangsuli: “Bener iya iku wonge.” Ana maneh kang calathu: “Dudu, mung madha rupa bae.” Wonge dhewe banjur calathu: “Leres, inggih kula punika tiyangipun.”
Lan sakarone nuli padha mbanjurake lakune nganti tekan ing Betlehem. Bareng padha lumebu ing Betlehem, wong sakutha kabeh padha gumeder rame marga saka wong loro iku lan para wong wadon padha ngucap: “Apa iku Naomi?”
Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu, lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan, kalungguhane jajar karo para bangsa luhur, lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya. Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi; lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.
Para punggawane Prabu Akhis matur marang gustine: “Punapa punika sanes Dawud ratunipun nagari punika? Punapa punika sanes tiyangipun ingkang kangge sesindhenan saur-sauran kaliyan jejogedan makaten: Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon, nanging Sang Dawud nganti puluhan ewon?”