Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.
Pangandikane Gusti Yesus: “Wus akeh panggawe utama kang saka RamaKu kang Daktuduhake marang kowe. Panggawe iku mau endi kang dadi jalarane kowe arep padha mbenturi watu marang Aku?”
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.
Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken.
Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.
Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.
Amargi tumrap kula sadaya boten saged kendel anggen kula sami pirembagan bab punapa ingkang sampun sami kula tingali sarta ingkang sampun sami kula pireng.”