Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 9:34 - Kitab Sutji

34 Wangsulane wong-wong iku: “Kowe iku kalairake sajrone dosa babar pisan, kok arep mulang aku?” Temahan wong iku katundhung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 9:34
34 Iomraidhean Croise  

Nanging pangucape wong akeh mau: “Wis, sumingkira!” Karomaneh celathune: “Wong iki tekane ing kene rak dadi wong neneka, kok arep dadi hakim kita! Saiki kowe arep dakajar ngungkuli wong loro iku!” Banjur padha ndhesek wonge, yaiku Lut kalawan seru sarta arep padha mbejad lawang.


Nalika nabi mau lagi matur, Sang Prabu Amazia ngandika: “Apa sira sundadekake juru pirembage Sang Nata? Menenga! Apa sira njaluk mati?” Nabi mau banjur kendel, nanging sawuse matur: “Kawula punika sumerep bilih Gusti Allah sampun mutus badhe nyirnakaken paduka, awit paduka sampun tumindak makaten, saha boten karsa midhangetaken dhateng rembag kawula.”


Punapa nate wonten tiyang resik katuwuhaken dening tiyang jember? Satunggal kemawon temtu boten wonten!


Manungsa kapriye anggone bisa bener ana ing ngarsaning Allah? Tuwin kang lair saka wong wadon kapriye anggone suci?


Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula, saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.


Wangsulane wong iku: “Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika?” Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: “Prakara iki genah wus kaweruhan!”


Wong memoyok iku tundhungen, temah tukar-padu banjur ilang, lan kang padha padu lan nacad padha leren.


Saupama kowe weruh wong kang rumangsa pinter, pangarep-arepe wong gemblung luwih akeh tinimbang wong iku mau.


Wong kang ngakokake githok, sanadyan wus diwelehake, iku bakal diremuk dadakan lan ora bisa dipulihake maneh.


kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku, mundhak dadi suci marga saka aku!” Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun, kaya geni kang murub sadina muput.


Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.


Tumuli ana sawijine ahli Toret kang mangsuli, ature: “Guru, manawi Panjenengan ngandika makaten punika, ateges ugi ngremehaken golongan kula.”


Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.


Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.”


Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.


Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.


Kowe kabeh padha nglakoni panggawene bapakmu dhewe.” Unjuke wong-wong mau: “Lair kula punika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah.”


Para sakabate banjur munjuk pitakon marang Panjenengane: “Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun, dene ngantos lairipun wuta makaten?”


Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake.


Gusti Yesus mireng manawa wong kang maune wuta mau wus katundhung. Bareng Panjenengane kepranggul wong mau banjur dipangandikani: “Apa kowe pracaya marang Putraning Manungsa?”


Pangandika iku kaprungu dening wong Farisi sawatara kang lagi ana ing kono, wong iku tumuli padha munjuk: “Kula punika punapa inggih sami wuta?”


Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


Kita sadaya punika tiyang Yahudi asli sanes tiyang dosa saking bangsa-bangsa sanes.


Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.


Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga: “Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”


Mulane besuk satekaku bakal dakwelehake kang dadi panggawene, anggone crewet ngala-ala kanthi tembung-tembung kang kasar marang aku kabeh, lan ora trima mangkono bae, malah nganti dheweke dhewe ora mung ora gelem nampani marang para sadulur kang teka bae, nanging sapa kang arep nampani wong-wong mau padha dicegah, sarta disebratake saka ing pasamuwan.


Aku wus nulis sathithik ana ing layangku marang pasamuwan, nanging Dhiotrefes, kang ngarah dadi pangarep ana ing antarane, iku ora maelu marang aku.


sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewan utawa cacahe wilanganing jenenge.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan