Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 9:30 - Kitab Sutji

30 Wong mau tumuli mangsuli: “Lah, punika rak aneh, dene panjenengan malah boten sami mirsa pinangkanipun, mangka Panjenenganipun sampun ngelekaken mripat kula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 9:30
13 Iomraidhean Croise  

Mripat kawula mugi Paduka elekaken, supados kawula sageda nyawang kaelokanipun angger-angger Paduka.


mulane lah Ingsun bakal nandukake bab-bab kang elok marang bangsa iki, kaelokan kang ngedab-edabi; kawicaksanane para wonge kang wicaksana bakal ilang, tuwin kapinterane para wonge kang pinter bakal ndhelik.”


Ing wektu iku para wong budheg bakal padha krungu tetembungan-tetembungan saka ing sawijining kitab, lan marga saka wus luwar saka ing kalimengan tuwin pepeteng mripate para wong wuta bakal ndeleng.


Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake, lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak.


wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.


Pangandikane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca ing Kitab Suci mangkene: Watu kang ditampik dening tukang-tukang gawe omah, iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. Kadadean iki saka ing Pangeran, sarta elok ana ing pandeleng kita.


Panjenengane ngungun ngraosake anggone wong-wong mau ora padha pracaya, banjur tindak njajah desa karo memulang.


Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Padha mundura, aturna marang Nabi Yokanan apa kang kokdeleng lan kokrungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.


Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,


Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku?


Aku padha sumurup yen Gusti Allah wus ndhawuhake pangandika marang Nabi Musa. Nanging mungguh wong kae aku padha ora weruh pinangkane.”


Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan