3 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.
Kacarita sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandika ing dhuwur mau marang Ayub, banjur ngandika marang Elifas, wong Teman, mangkene: “BebenduningSun mulad-mulad marang sira lan marang mitranira sakarone, amarga katranganira tumrap Ingsun ora bener kaya abdiningSun Ayub.
wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.
Gusti Yesus bareng miyarsa kabar iku banjur ngandika: “Larane iku ora ndadekake patine, nanging bakal mbabarake kaluhuraning Allah, awit marga saka larane iku Putraning Allah bakal kaluhurake.”
Bareng wong-wong padha ndeleng ula kumlawer kanthil ing astane Rasul Paulus, banjur padha rerasanan: “Wong iki mesthi wong kang dosa pati, sabab sanadyan wis bisa oncat saka bebaya ing sagara, Dewi Kaadilan ora marengake dheweke lestari urip.”
Pradata saya banget anggone ngancam marang para rasul mau, nanging wekasan iya banjur padha dililani mundur, sabab parepatan ora manggih bab kang kena diagem ngukum, amarga ajrih marang wong akeh, kang padha ngluhurake asmane Gusti Allah, awit saka anane bab kang mentas kalakon.
Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.
Sihe Gusti Allah iku kababarake ana ing antara kita, iya iku dene Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga dening Panjenengane.