Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala.
Apa dudu Nabi Musa kang ndhawuhake angger-anggering Toret marang kowe? Nanging panunggalanmu ora ana siji-sijia kang ngestokake angger-anggering Toret iku. Sabab apadene kowe padha ngarah patiKu?”