YOKANAN 9:22 - Kitab Sutji22 Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake. Faic an caibideil |
Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!”