19 sarta didangu: “Apa iki anakmu kang kokkandhakake yen wuta wiwit lair mula iku? Yen mangkono kapriye dene kok saiki bisa ndeleng?”
Anadene wong-wong Yahudi iku padha ora ngandel yen dheweke maune wuta lan lagi bae bisa ndeleng maneh, nganti padha nimbali wong tuwane,
Wangsulane wong tuwane mau: “Kula sami sumerep bilih punika anak kula, saha wuta wiwit lair mila,
sarta iya banjur padha ora pangling, yen wong iku kang adate lungguh ngemis ana ing Gapura Endah ing Padaleman Suci, satemah padha kaeraman lan kegawokan marang apa kang wus kalakon mungguh ing wong mau.
Nanging sarehne padha mirsani wong kang diwarasake iku ngadeg ana ing sandhinge para rasul, dadi ora bisa mabeni apa-apa.