Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 9:18 - Kitab Sutji

18 Anadene wong-wong Yahudi iku padha ora ngandel yen dheweke maune wuta lan lagi bae bisa ndeleng maneh, nganti padha nimbali wong tuwane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 9:18
11 Iomraidhean Croise  

Lut banjur lunga ngandhani calon mantune, kang arep padha sesomahan karo anake, tembunge: “Dienggal padha metua saka ing panggonan kene, awit Sang Yehuwah selak nggempur kutha iki.” Nanging calon mantune loro-lorone padha ngarani yen Lut mau mung sembranan bae.


Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!


Sapa kang ngandel marang pawarta kang padha dakrungu, lan sapa kang kawedharan astaning Yehuwah kang kwaos iku?


Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.”


Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”


Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh.


sarta didangu: “Apa iki anakmu kang kokkandhakake yen wuta wiwit lair mula iku? Yen mangkono kapriye dene kok saiki bisa ndeleng?”


Ature wong tuwane kang kaya mangkono iku awit padha wedi marang wong Yahudi, marga wong Yahudi wus padha sarujuk, samasa ana wong kang ngakoni Panjenengane iku Sang Kristus, bakal disebratake.


Mulane luwih becik manawa kita mbudi-daya lumebu sajroning palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nyonto marang pambalela iku uga.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan