Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 9:16 - Kitab Sutji

16 Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 9:16
18 Iomraidhean Croise  

Ing kono ana wong kang ceko tangane sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengane: “Ing dinten Sabat punapa dipun parengaken nyarasaken tiyang?” Karepe supaya bisa ngluputake Panjenengane.


Wong Farisi bareng weruh, padha munjuk marang Gusti Yesus: “Lah sakabat Panjenengan, sami nindakaken ingkang boten dipun parengaken ing dinten Sabat.”


Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”


Marga saka pangandika kang mangkono iku tumuli tuwuh pasulayan maneh ing antarane wong-wong Yahudi. Panunggalane akeh kang duwe pangucap mangkene:


Padha ngandela marang Aku, yen Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orane, padha ngandela, marga saka pandamel-pandamel iku.


Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tau ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha sengit marang Aku lan marang RamaKu.


Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.


seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


Amarga saka iku wong-wong Yahudi padha ngaruh-aruhi wong kang lagi bae waras mau, pangucape: “Iki dina Sabat, kowe ora kena ngangkat paturonmu!”


Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.


Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake daginge supaya padha dakpangan?”


Sarta ing antarane wong akeh mau keprungu rerasanan bab Panjenengane; ana kang ngucap mangkene: “Iku wong becik.” Liyane maneh: “Ora, iku nasarake wong akeh.”


Manawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggere Nabi Musa aja nganti katerak, apa kowe padha panas atimu marang Aku, dene Aku marasake badan sakojur ing dina Sabat?


Temahane wong golongan padha diya-diniya bab ing ngatase Gusti Yesus.


Wong kang maune wuta iku banjur diundang kang kaping pindhone, sarta diaturi: “Kowe ngurmatana Allah; aku padha sumurup manawa kae wong dosa.”


Nanging wong akeh ing kutha kono pecah dadi rong golongan; ana kang nganut wong Yahudi, lan ana kang nganut rasul karone.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan