Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:9 - Kitab Sutji

9 Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:9
22 Iomraidhean Croise  

Wong wadon iku nuli matur marang Nabi Elia: “Punapa ta karsa panjenengan rawuh ing ngriki punika, dhuh abdining Allah? Anggen panjenengan mriki punika punapa prelu ngengetaken dhateng kalepatan kula saha badhe damel pejahipun anak kula?”


Sabanjure Sang Prabu ngandika marang Simei mangkene: “Sira dhewe sumurup ing sajrone atinira marang sakehing piala kang sira tandukake marang Sang Prabu Dawud, ramaningsun, mulane Sang Yehuwah wus nempuhake pialanira iku marang sira dhewe.


Pialane kabeber dening langit, sarta bumi tumuli gumregah nglawan marang dheweke.


manawa gambirane wong duraka iku ora awet, sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula; dhuh Yehuwah, mugi enggal karsaa paring pitulungan dhumateng kawula!


Iya iku kang sira lakoni; nanging Ingsun kendel bae; panyananira Ingsun iki padha karo sira; sira mesthi Sunwelehake lan bab iki bakal Suncolok-colokake ana ing ngarepira.


Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa; ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan!


Amarga atimu sumurup, manawa kowe uga wus kerep ngipat-ipati wong liya.


Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, kabeh kang nglawan padha kisinan, dene wong akeh padha bungah awit saka anane kabeh kang katindakake dening Panjenengane kang sarwa luhur iku.


Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?”


Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”


Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku.


Para ulama lan para wong Farisi tumuli padha ngajokake wong wadon kang kacekel nalika laku bandrek marang ngarsane.


Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah.


Amarga kalawan mangkono iku wong-wong mau padha nelakake, manawa pepakone angger-angger wis katulis ana ing atine, sarta rumangsaning atine melu dadi seksi, sarta pangangen-angene padha genti ngluputake utawa genti mbenerake.


Kowe kang kandha: Aja laku bedhang, yagene kowe dhewe kok laku bedhang? Kowe kang gething marang brahala, yagene kowe dhewe kok malah njarah rayah papan brahala?


Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sarta nguningani samubarang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan