Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:7 - Kitab Sutji

7 Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:7
18 Iomraidhean Croise  

Ana wong kang dlodok-dlodok iku pangucape wus prasasat panyuduking pedhang, nanging ilate wong wicaksana nekakake kawarasan.


PangandikaningSun rak prasasat geni, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – lan kaya palu kang ngremuk gunung parang?


Wangsulane wong-wong iku: “Salaminipun dereng nate wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!”


Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?”


Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah.


Calathumu sing tansah kebak katresnan, aja cemplang, satemah kowe sumurup, kapriye anggonmu bakal mangsuli pitakone saben wong.


Astane kang tengen ngasta lintang pitu sarta tutuke ngetokake pedhang kang landhep kiwa-tengen, wedanane sumorot sumelet kaya srengenge.


Ing tutuke metu pedhange kang landhep, kang bakal disabetake marang sakehing bangsa. Dene Panjenengane kang bakal ngengen kalawan lantaran wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur yaiku bebenduning dukane Gusti Allah, Kang Mahakuwaos.


Marga saka iku sira mratobata! Manawa ora mangkono, Ingsun bakal dumrojog ngrawuhi sira sarta Ingsun bakal nempuh perang marang wong-wong mau kalawan pedhang kang ana tutukingSun iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan