6 Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane.
Yehuda iku kaya anak singa, sawuse nubruk memangsan, banjur munggah ing papan kang dhuwur, anakku engger! Lagi ndhekem lan njerum kaya anak singa lanang utawa kaya singa wadon, sapa kang wani nangekake?
Dhuh Sang Yehuwah, Pangajapipun Israel, sadaya tiyang ingkang nyingkur Paduka temtu kawirangan. Para tiyang ingkang sami nyimpang saking Paduka, badhe kasirnakaken saking nagari, amargi sami nilar tuking toya gesang, inggih punika Sang Yehuwah.
Padha sanalika katon ana driji-drijining tangan manungsa kang nulis ing labure temboking kadhatone Sang Prabu adu-arep karo padamaran, sarta Sang Prabu mirsa kurebing tangan kang lagi nulis iku.
sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,
Nanging Gusti Yesus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabate padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yesus: “Tiyang punika kadhawuhana kesah, dene kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.”
Tumuli ana wong Farisi lan wong Saduki sing padha sowan arep nyoba marang Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengane, supaya ngatingalake pratandha saka ing swarga.
Tumuli ana wong-wong Farisi kang sowan ing ngarsane, sumedya nyoba Panjenengane, ature: “Tiyang punapa dipun kengingaken megat semahipun awit saking sadhengaha sabab?”
Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”
Nanging Gusti Yesus mirsa marang lamise wong-wong mau, banjur ngandika: “Yagene kowe padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, arep Dakdeleng!”
Para wong Farisi tumuli padha sowan lan padha bebantahan karo Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyoba marang Panjenengane kanthi nyuwun supaya diparingana pratandha saka ing swarga.
Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?”
Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku.