Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:58 - Kitab Sutji

58 Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:58
24 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”


Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane, tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun; Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel, Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan, ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.


Sira aja gumeter lan aja wedi, awit bab iku pancen wiwit biyen mula wus Sunwartakake lan Sunsumurupake marang sira. Sira kabeh iku kang padha dadi seksi-seksiningSun! Apa ana Allah liyane kejaba Ingsun? Ora ana Gunung Parang liyane, Ingsun ora mirsa liyane!”


Sira padha ngelingana lelakon-lelakon biyen kang kadadean dhek jaman kuna, manawa iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane, Ingsun iki Allah lan ora ana kang kaya Ingsun,


“Rungokna Ingsun, he Yakub, lan sira Israel kang Suntimbali! Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan, lan uga Ingsun kang wekasan!


Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.


Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wus padha Daktuturi nanging padha ora pracaya; panggawe kang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku,


Dhuh Rama, ingkang dados pikajeng Kawula, Kawula wontena ing pundi kemawon, tiyang-tiyang punika tansah nunggila kaliyan Kawula, inggih punika tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula punika, supados sami nyawang dhateng kamulyan Kawula peparing Paduka. Awit Paduka ngasihi Kawula wiwit saderengipun jagad tinalesan.


Dene sapunika, dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken Kawula wonten ing pangayunan Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang dados gadhahan Kawula wonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagad dumados.


Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”


Kang iku Gusti Yesus ngandika: “Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.


Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nglakoni dosa iku dadi bature dosa.


Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.”


Panjenengane iku anane sadurunge samubarang kabeh ana, lan samubarang kabeh iku anane ana ing Panjenengane;


Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan