Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:56 - Kitab Sutji

56 Rama Abraham leluhurmu rena panggalihe dene bakal nguningani ing dinaKu, lan iya wus nguningani sarta ndadekake bingahe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:56
11 Iomraidhean Croise  

Karodene marga saka turunira iku sakehe para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngestokake dhawuhingSun.”


Awit Aku pitutur satemene marang kowe: Akeh para nabi lan wong mursid kang padha kapengin ndeleng apa kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon ndeleng, lan padha kapengin krungu apa kang kokrungu, nanging ora kalakon krungu.


Amarga Aku pitutur marang kowe: Akeh nabi lan ratu kang kepengin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon, sarta kang kepengin ngrungokake apa kang kokrungokake, nanging ora bisa kalakon.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wus padha Daktuturi nanging padha ora pracaya; panggawe kang Daklakoni atas asmane RamaKu, iku kang padha nekseni mungguhing Aku,


“Aku wus weruh manawa kowe iku padha tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowe padha ngarah mateni Aku, awit pituturKu ora oleh papan ana ing kowe.


Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham.


Iku mau kabeh sedane sajroning pracaya, durung nganti nampani apa kang kaprasetyakake, mung mirsani saka kadohan lan ngawe-awe saka kadohan, sarta padha ngaken manawa dadi wong manca sarta wong neneka ana ing bumi iki.


Sarta wong iku kabeh padha ora tampa apa kang kaprasetyakake iku, sanadyan pracayane wus aweh paseksen kang becik tumrap wong-wong iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan