YOKANAN 8:55 - Kitab Sutji55 Mangka kowe padha ora wanuh marang Panjenengane, nanging Aku kang wanuh. Saupama Aku munia yen ora wanuh, Aku dadi wong goroh padha kaya kowe. Nanging Aku wanuh marang Panjenengane, sarta netepi ing pangandikane. Faic an caibideil |
Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.
Amargi nalika kula mider-mider wonten ing kitha panjenengan saha ningal-ningali barang-barang ingkang panjenengan pundhi-pundhi, kula inggih nrenjuhi misbyah ingkang kaseratan makaten: Konjuk ing dewa ingkang boten kasumerepan. Wondene ingkang sami panjenengan sembah-sembah, sanadyan panjenengan dereng tepang punika, inggih punika ingkang badhe kula wartosaken.