Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:48 - Kitab Sutji

48 Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:48
18 Iomraidhean Croise  

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.”


Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.


Tumraping sakabat wus cukup, yen nganti nemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrap abdi, yen nemu lelakon padha kaya bandarane. Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul, apamaneh brayate saomah.


Wong rolas mau padha diutus dening Gusti Yesus sarta diparingi piweling mangkene: “Kowe aja padha nyimpang menyang ing dalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthane wong Samaria,


Sarehning Yokanan tekane ora mangan ora ngombe, banjur diarani wong kepanjingan setan.


Nanging bareng para wong Farisi padha krungu banjur ngucap mangkene: “Anggone nundhungi dhemit iku marga nganggo jenenge Beelzebul, panggedhening setan.”


Mulane Aku pitutur marang kowe: Sakabehing dosa lan panyenyamahing wong bakal kaapura, nanging panyenyamah marang Roh Suci iku bakal ora diapura.


Heh, wong lamis, ceples temen pamecane Nabi Yesaya tumrap kowe:


Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?”


“Wong iku kapanjingan dhemit sarta owah; yagene padha kokrungokake?”


Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.


Wong wadon mau banjur munjuk: “Kadospundi dene Panjenengan tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?” (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.)


Atur wangsulane wong akeh: “Sampeyan punika kapanjingan dhemit. Ingkang ngangkah pejah sampeyan sinten?”


Pangucape wong-wong Yahudi: “Apa Dheweke iku arep ngendhat, dene kok duwe pangucap: Ing ngendi paranKu, kowe padha ora bisa mrana?”


Pangucape wong-wong Yahudi: “Saiki aku padha weruh yen Kowe iku kranjingan dhemit. Rama Abraham seda para nabi mangkono uga, mangka Kowe iku kok duwe pangucap: Sapa wong kang netepi ing pituturKu, bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.


Awit Sang Kristus uga ora ngupaya keparenge piyambak, nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Tembung-tembung panacadipun tiyang ingkang sami nenacad Paduka, dhumawah dhateng kawula.”


Awit saka iku, lah payo padha sowan Panjenengane ana ing sajabane pakuwon sarta nglabuhi kanisthane.


Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan