Wong kang kaya mangkono iku ora sumurup apa-apa lan ora ngreti apa-apa, sabab mripate kraket merem, satemah ora bisa ndeleng; tuwin atine uga buntet, mulane ora bisa mangreti.
Sawuse mangkono Panjenengane ngandika: “Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene: Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti! Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!
Marang sapa anggonku kudu kandha lan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake? Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan; wong-wong iku ora bisa ngrungokake! Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan, ora disenengi.
Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira! Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh.
Nanging wong iku padha ora sumurup kang dadi rancangane Pangeran Yehuwah; padha ora ngreti kang dadi putusane, manawa Panjenengane bakal nglumpukake para umat mau kaya gedhengan gandum kang kagawa marang panuton.
Amarga atine bangsa iki dableg lan kupinge jampeng sarta mripate dieremake, supaya aja padha ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge sarta atine bisa mangreti banjur mratobat, temahan Sunwarasake.
Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.
Wong-wong tumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?”
Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham.
Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.