YOKANAN 8:41 - Kitab Sutji41 Kowe kabeh padha nglakoni panggawene bapakmu dhewe.” Unjuke wong-wong mau: “Lair kula punika boten saking bedhang, kula sami gadhah Rama satunggal inggih punika Gusti Allah.” Faic an caibideil |
Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.”
Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, – he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”
Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.