4 Wong-wong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek.
Manawa ana wong lanang kang bedhangan somahing liyan, dadi laku bedhang karo somahe pepadhane, iku loro-lorone padha kaukuma pati; iya wonge lanang iya wonge wadon kang dibedhang iku.
Wonten ing angger-anggering Toret Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita, supados tiyang-tiyang estri ingkang makaten punika dipun benturana ing sela. Ingkang punika menggah pamanggih Panjenengan kadospundi?”
Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
Bojone tumuli mangkat nusul arep diarih-arih murih baline; lakune kanthi batur lanang siji lan kuldi loro. Satekane ing kana banjur diajak dening wong wadon enom iku lumebu ing omahe bapakne. Bareng bapakne wong wadon mau weruh tekane, tumuli diacarani klawan bungah.