Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:39 - Kitab Sutji

39 Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:39
13 Iomraidhean Croise  

Lan aja padha duwe pikiran mangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowe, sanadyan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggo trahe Rama Abraham.


supaya kowe padha katitika, yen dadi putrane Ramamu kang ana ing swarga, kang mlethekake srengenge marang wong ala lan wong becik, sarta nurunake udan marang wong kang ambek adil lan kang ora.


Wong-wong tumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?”


“Aku wus weruh manawa kowe iku padha tedhak-turune Rama Abraham, nanging kowe padha ngarah mateni Aku, awit pituturKu ora oleh papan ana ing kowe.


Sabab apa kowe padha ora mangreti tembungKu? Iku awit kowe padha ora bisa nyandhak pituturKu.


Rama Abraham leluhurmu rena panggalihe dene bakal nguningani ing dinaKu, lan iya wus nguningani sarta ndadekake bingahe.”


lan uga dadi ramane para wong tetakan, yaitu para wong kang ora mung padha tetak bae, nanging uga padha nurut labeting pitadose leluhur kita Rama Abraham, nalikane durung supit.


Mulane kabeneran iku adhedhasar pracaya supaya mujudna sih-rahmat, satemah prasetya iku tumuju marang sakehe tedhak-turune Rama Abraham, ora ngamungake kang kawengku ing angger-anggering Toret bae, nanging uga kang padha kadunungan pracayane Rama Abraham. Sabab Rama Abraham iku leluhur kita kabeh, –


lan iya ora kabeh kang kagolong turune Rama Abraham iku tedhake Rama Abraham, nanging: “Kang asale saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.”


Mangka yen kowe kagungane Sang Kristus, ateges kowe padha dadi trahing Rama Abraham lan padha dadi ahli waris miturut prasetya.


Dadi kowe ngreti manawa wong-wong kang urip saka pracaya iku padha dadi putrane Rama Abraham.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan