Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:36 - Kitab Sutji

36 Kang iku manawa Sang Putra wus mardikakake kowe, kowe iya padha mardika temenan.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:36
12 Iomraidhean Croise  

Jangkah kawula mugi Paduka jejegaken manut janji Paduka, saha sakathahing piawon sampun ngantos misesani kawula.


Kawula badhe mbangung miturut dhumateng pitedah pepaken Paduka, awitdene Paduka sampun paring ombering manah kawula.


Sinten ingkang saged ngyektosi panasaran? Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking ingkang boten kawula ngretosi.


Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,


“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun


Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowe kabeh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati.


Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong merdika, kagungane Gusti. Mangkono uga wong merdika, kang katimbalan dening Sang Kristus, iku dadi abdine Sang Kristus.


Awit Gusti iku Sang Roh; lan ing ngendi ana Rohing Allah ing kono ana kamardikan.


Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan