Sanyatane pancen durung tau ana wong kang kaya Sang Prabu Akhab anggone ndadekake sarirane dadi budhak kanthi patrap nglakoni apa kang ala ana ing paningale Pangeran Yehuwah, marga saka anggone wus diojok-ojoki dening Sang Putri Izebel, kang garwa.
Awit satemene pituturKu marang kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.
Apa kowe padha ora sumurup, manawa masrahake awakmu marang sawijining wong dadi abdi kang mituhu iku, ateges kowe dadi bature wong iku, sing kudu kokpituhu, embuh ing bab dosa kang nggendeng kowe marang pati, embuh pamituhu kang nuntun kowe marang kabeneran?
Amarga kita padha sumurup yen kamanungsan kita kang lawas iku wus ndherek sinalib, supaya awak kita dununging dosa kita iki sirna panguwasane, lan kita padha ora ngawula marang dosa maneh.
ananging sajroning pangarep-arep, marga kang tumitah iku dhewe uga bakal kaluwaran saka ing pangawulaning karusakan, lan lumebu marang ing kamardikaning kamulyane para putrane Gusti Allah.
Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguwasane karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka.
Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.
Padha njanjeni kamardikan marang wong liya, mangka awake dhewe padha dadi baturing karusakan. Jalaran sing sapa katelukake dening wong, iku iya dadi bature wong iku.