YOKANAN 8:33 - Kitab Sutji33 Wong-wong tumuli padha mangsuli: “Kula sami tedhak-turunipun Rama Abraham, lan dereng nate ngawula dhateng sok tiyanga; kadospundi kok Panjenengan ngandika: Kowe bakal padha mardika?” Faic an caibideil |
Amargi sanadyan kawula sami kaabdekaken, ewadene salebetipun pangawulan punika, Gusti Allah kawula boten ngantos negakaken kawula, malah ngangsalaken sih kadarman kangge kawula wonten ing ngarsanipun para ratu ing Persia temah sami kaparingan adheng, saged mbangun padalemaning Allah kawula sarta ngadegaken malih jugruganipun, sarta malih kaparingan tembok pangayoman wonten ing tanah Yehuda saha ing Yerusalem.