YOKANAN 8:32 - Kitab Sutji32 sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe.” Faic an caibideil |
lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene: “Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah, menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub, supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine lan supaya kita padha lumaku ing kono; amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”
Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,