Sira bakal Sunadili kayadene patrape wong ngadili wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih apadene Ingsun bakal ngesokake marang sira bebendu lan butarepaningSun.
Nanging para wong bener lan saleh bakal ngakimi wong-wong mau kayadene wong kang ngakimi para wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih, amarga wong-wong iku padha laku jina lan tangane kuthah getih.”
Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku.
Wong-wong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: “Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek.
Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.
Rasul Petrus lan Rasul Yokanan banjur diladekake marang ngarsaning parepatan tuwin wiwit dipriksa kalawan didangu mangkene: “Panggawemu kang mangkono mau kalawan panguwasa apa lan atas jenenge sapa?”
Dadi yen gelem diepek bojo wong lanang liyane sajrone kang lanang isih urip, wong wadon mau diarani laku bedhang. Nanging manawa kang lanang wus mati, wong wadon mau wus uwal saka angger-angger, satemah manawa diepek bojo wong lanang liya, ora diarani laku bedhang.