Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.
“Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan, wus ngasta tanganira; Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake sira dadi prajanjian tumrap umat manungsa, dadi pepadhang tumrap para bangsa,
Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”
Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.
Nanging supaya jagad sumurupa, yen Aku tresna marang Sang Rama sarta manawa Aku nglakoni samubarang kabeh kang didhawuhake Sang Rama marang Aku, mara ngadega, ayo padha lunga saka ing kene.”
Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku.
Kawula sampun ngluhuraken Paduka wonten ing bumi kanthi patrap anggen Kawula sampun ngrampungaken padamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula supados katindakaken.
Aku ora bisa nindakake apa-apa saka awakKu dhewe, anggonKu ngadili iku laras karo apa kang Dakrungu, sarta putusanKu adil. Amarga ora nuruti karepKu dhewe, nanging manut karsane kang ngutus Aku.
nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.
Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.
Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,
He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.