Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:27 - Kitab Sutji

27 Wong-wong kang kadhawuhan iku ora nggraita manawa kang kadhawuhake iku Sang Rama.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:27
9 Iomraidhean Croise  

Kita padha gagap-gagap ing tembok kaya wong wuta, tuwin grayah-grayah kaya-kaya ora duwe mripat; kita padha kesandhung ing wayah tengange, kaya-kaya ing wayah repet-repet padha lungguh ing papan peteng kaya wong mati.


Sawuse mangkono Panjenengane ngandika: “Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene: Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti! Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!


Akeh prakara kang prelu Daktuturake mungguh ing kowe lan akeh uga kang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh; nanging kang ngutus Aku bener, apa kang Dakrungu saka Panjenengane, yaiku kang Dakwarahake marang jagad.”


Kang iku Gusti Yesus ngandika: “Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.


Sabab apa kowe padha ora mangreti tembungKu? Iku awit kowe padha ora bisa nyandhak pituturKu.


Wong kang wijile saka Allah iku mesthi ngrungokake pangandikaning Allah. Mulane kowe ora padha ngrungokake, awit asalmu iku ora saka ing Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan