Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:21 - Kitab Sutji

21 Gusti Yesus tumuli ngandika maneh marang wong akeh: “Aku iki bakal lunga, lan kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging bakal padha mati sajroning dosamu. Ing ngendi paranKu, kowe ora padha bisa mrana.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:21
21 Iomraidhean Croise  

Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang gesang, saestunipun boten wonten bangsa utawi karajan, ingkang boten dipun dhatengi utusanipun gusti kula Sang Prabu Akhab prelu ngupadosi panjenengan. Sarta manawi wonten tiyang ingkang munjuk: Panjenenganipun boten wonten ing ngriki, Sang Prabu lajeng dhawuh dhateng karajan utawi bangsa punika supados sumpah, bilih panjenengan boten pinanggih wonten ing ngriku.


Sanadyan balung-balunge kebak karosaning wong anom, nanging iku iya bakal melu sumeleh ing lebu.


Pangarep-arepe wong duraka gagal nalika dina patine, nanging pangajape wong ala bakal tanpa guna.


Wong duraka bakal dirubuhake marga saka pialane, dene wong bener oleh pangungsen marga saka tulusing atine.


Ing kono ora bakal ana bayi maneh kang umure mung sawatara dina utawa wong tuwa kang ora tutug umure, sabab wong kang matine umur satus taun iku bakal dianggep isih enom, lan sapa kang umure ora nganti satus taun bakal dianggep kena ing ipat-ipat.


Lan Aku kandha marang kowe: Wiwit saiki kowe ora bakal padha ndeleng Aku maneh, nganti kowe padha kandha: Binerkahana Ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran.”


Sarta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisake kanggo Iblis lan para malaekate.


Wasana wong-wong iku bakal lumebu ing siksa langgeng, dene wong kang mursid iku bakal lumebu ing urip langgeng.”


Pangandikane kang mangkono iku kanggo mratelakake patrap bakal sedane.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.


He, anak-anakKu, anggonKu tunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu, kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.


Kowe bakal padha nggoleki Aku, nanging ora bakal ketemu, sarta kowe padha ora bisa marani padununganKu.”


Apa tegese tembung kang diucapake: Kowe bakal padha nggoleki Aku nanging ora bakal ketemu, sarta kowe ora bakal padha bisa marani padununganKu?”


Mulane Aku mau tutur ing kowe, manawa kowe bakal padha mati sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu.”


Kowe biyen padha mati marga saka panerak-panerak lan dosa-dosamu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan