Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:20 - Kitab Sutji

20 Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yesus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung tumeka ing wektune.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:20
17 Iomraidhean Croise  

dene kepala jaga gapura kang papat mau kalungguhane tetep. Iku padha wong Lewi, kang rumeksa marang kamar-kamar lan barang-barang padalemaning Allah.


Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.


Para pangareping imam padha njupuki dhuwit mau lan padha calathu: “Dhuwit iki ora kena kalebokake ing pethi pisungsung, sabab iki dhuwit getih.”


Nalika Gusti Yesus lenggah ing ngarep pethi pisungsung, mirsani wong akeh anggone padha nglebokake dhuwit ing pethi mau. Wong kang sugih-sugih akeh kang padha nyemplungake pisungsung akeh.


Para sakabat banjur padha ditimbali lan dipangandikani: “Aku pitutur marang kowe: sanyatane pisungsunge randha miskin iku luwih akeh katimbang sakabehing wong kang padha nyemplungake dhuwit ing pethi pisungsung,


Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.


Bareng Gusti Yesus tumenga, mirsa wong-wong sugih padha nglebokake pisungsunge ana ing pethi pisungsung.


Wong Yahudi tumuli ngarah arep nyekel Gusti Yesus maneh, nanging Panjenengane ngoncati.


Pangandikane Gusti Yesus: “Ibu, panjenengan ngarsakaken punapa dhateng Kula? Dereng dumugi wekdal Kula.”


Bareng wus nengah-nengahi riyaya, Gusti Yesus lumebet ing Padaleman Suci sarta memulang.


Ing kono wong-wong mau padha ngarah nyekel Gusti Yesus, ewadene ora ana kang nganti nggepok sarirane, amarga durung tekan ing wektune.


Sarta ana panunggalane sawatara kang padha arep nyekel Panjenengane, ewadene ora ana kang nganti wani nggepok sarirane.


Kowe padha mangkata nekani riyaya iku, Aku durung mangkat mrana, awit durung tumeka ing wektuKu.”


Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku.


Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan