Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:2 - Kitab Sutji

2 Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh padha sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:2
14 Iomraidhean Croise  

Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


“Wiwit nalika jumenenge Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda wus nyandhak telulas taune tumeka ing dina iki, dadi wus oleh telulikur taun anggonku kadhawuhan pangandikane Sang Yehuwah iku, lan ora kendhat-kendhat anggonku mituturi marang kowe, nanging kowe ora gelem ngrungokake.


Wong iku padha nyingkur Ingsun lan ora madhep marang Ingsun, lan sanadyan anggoningSun merdi tanpa kendhat, lumuh ngrungokake lan nanggapi pamerdiningSun.


Ingsun ora kendhat-kendhat wus ngutus para abdiningSun, para nabi, kanthi piweling: Poma aja nindakake kanisthan kang Sunsengiti iku!


Ing nalika iku Gusti Yesus ngandika marang wong akeh mau: “Rumangsamu Aku iki begal, dene anggonmu teka sikep gegaman pedhang lan penthung, arep nyekel Aku? Mangka saben dina Aku linggih lan memulang ana ing Padaleman Suci, kowe ora nyekel Aku.


Kacarita Gusti Yesus yen awan memulang ana ing Padaleman Suci, dene yen bengi miyos lan lereb ana ing gunung kang aran gunung Zaitun.


Lan esuke wong-wong kabeh padha sowan ing ngarsane ana ing Padaleman Suci, ngrungokake pangandikane.


Sawise mangkono kitab banjur kagulung kaparingake maneh marang kang kawajiban, nuli lenggah. Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah padha mandeng marang Panjenengane.


Panjenengane banjur minggah ing salah sijine prau iku, yaiku praune Simon, lan dhawuh, supaya praune rada didohake saka ing dharatan. Banjur lenggah lan memulang marang wong akeh mau saka ing prau.


Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


Pangandika iku mau kadhawuhake dening Gusti Yesus nalika Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci, sacedhake pethi bet-amal, ewadene ora ana wong siji-sijia kang nyekel Panjenengane, amarga durung tumeka ing wektune.


Para ulama lan para wong Farisi tumuli padha ngajokake wong wadon kang kacekel nalika laku bandrek marang ngarsane.


Para rasul padha mbangun miturut marang piweling mau sarta bareng bangun esuk, padha lumebet ing Padaleman Suci lan banjur wiwit memulang ana ing kono. Nalika samana Imam Agung lan para pandhereke dhawuh marang Pradata Agama supaya marepat, yaiku pakumpulane para pinituwaning bangsa Israel, sarta banjur dhawuh marani para rasul menyang ing pakunjaran.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan