Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 8:19 - Kitab Sutji

19 Wong mau padha munjuk: “Ingkang Rama wonten ing pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha ora wanuh marang Aku, lan iya ora wanuh marang RamaKu. Manawa kowe wanuh marang Aku, mesthi iya wanuh marang RamaKu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 8:19
24 Iomraidhean Croise  

sarta mutusi prakarane wong sangsara lan wong miskin kalawan adil. Rak iku arane nganggep marang Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Bakal Sunparingi ati kang wanuh marang Ingsun, yaiku manawa Ingsun iku Yehuwah. Wong iku bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe, amarga bakal padha mratobat marang Ingsun kanthi gumolonging atine.


Ing wektu iku Gusti Yesus munjuk: “Dhuh, Rama, Pangeraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken genging panuwun, dene bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare-lare.


Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar jagad iku dumadine iya dening Panjenengane, nanging jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.


Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.


Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku.


Wong-wong iku tumindak mangkono, awit ora padha wanuh marang Sang Rama lan uga ora wanuh marang Aku.


Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.


Nalika Gusti Yesus memulang ana ing Padaleman Suci, Panjenengane nguwuh mangkene: “Pancen kowe padha wanuh marang Aku, lan iya padha weruh pinangkaKu, nanging tekaKu ora saka karepKu dhewe. Aku diutus dening Panjenengane kang asipat sayekti, kang kowe padha ora wanuh.


Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.


Nanging saiki sawuse kowe wanuh marang Gusti Allah, malah luwih saka iku, sawuse kowe ditepangi dening Gusti Allah, kapriye dene kowe kok mbaleni maneh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani maneh?


supaya Allahe Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Sang Rama kang asipat mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowe satemah kowe banjur wanuh marang Panjenengane kanthi sabenere.


temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


Panjenengane iku citrane Gusti Allah kang ora katingal, kang pambayun, kang luwih pinunjul tinimbang samubarang kabeh kang dititahake,


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Amarga wong kang nyelaki marang Sang Putra iku iya ora nduweni Sang Rama. Kang ngakoni marang Sang Putra, iya nduweni Sang Rama.


Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.


Sok wonga kang ora ngantepi ing piwulange Sang Kristus, nanging nyimpang saka iku, iku ora nduweni Gusti Allah. Sok wonga kang ngantepi ing piwulang iku nduweni Sang Rama lan Sang Putra pisan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan