Nuli sira mapakna wong dursila loro ana ing ngarepe; wong loro iku supaya padha nggugatake dheweke kalawan pandakwa: Kowe wus ngala-ala marang Gusti Allah lan ratu. Sawuse mangkono wong iku gawanen metu lan benturana watu nganti mati.”
Sing sapa mateni wong, kang gawe pati iku dipatenana miturut katrangane para saksi, nanging manawa saksine mung siji, iku paseksene ora cukup tumrap prakara paukuman pati.
Nanging kang mangkono iku supaya kayektenana pangandika kang katulisan ing kitab Toret surasane: Tiyang-tiyang punika sami sengit dhateng Kawula tanpa sabab.
“Seksi iku manawa mung siji ora kena kanggo nggugat marang wong bab prakara kaluputan apa bae utawa dosa kapriye bae kang bokmanawa dilakoni. Bisane prakara dianggep sah mung landhesan ature seksi loro utawa seksi telu.
Manawa kita padha nganggep marang paseksene manungsa, paseksene Gusti Allah iku ngluwihi, amarga iya mangkono iku paseksene Gusti Allah, kang diparingake ing ngatase Kang Putra.