Ratu ingkang santosa, ingkang remen dhateng angger-angger, Paduka ingkang njejegaken kaleresan, angger-angger lan kaadilan wonten ing antawising turunipun Rama Yakub, Paduka ingkang nindakaken.
He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.
Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku.
Amargi Panjenenganipun sampun namtokaken dinten anggenipun badhe ngadili jagad ing saleresipun, lumantar tiyang ingkang sampun kapiji, mawi dipun yektosaken dhateng tiyang sadaya srana dipun wungokaken saking antawisipun tiyang pejah.”
Aku banjur weruh swarga menga: lah, ana sawijining jaran putih; dene asmane kang nitihi: “Kang Setya lan Kang Sanyata.” Panjenengane ngadili lan merangi kalawan adil.
Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”