Jaran apa padha lumayu ana ing gunung parang, sarta sagara apa diwluku kalawan sapi? Lah sira wus ngowahi kaadilan dadi wisa, lan kabeneran dadi brutawali?
Pramila angger-angger lajeng ical kakiyatanipun, saha kaadilan boten nate jumedhul, margi tiyang mursid kinepang dening tiyang duraka, njalari medalipun kaadilan kwalik.
Lan manawa wong ngrungokake pituturKu, nanging ora nindakake, Aku ora dadi hakime, awitdene tekaKu iki ora supaya ngadili jagad, nanging mitulungi rahayu.
Gusti Yesus mangsuli: “Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki.”
Mulane, heh manungsa, sapa bae kang njeksani wong liya, kowe dhewe ora kena diarani tanpa kaluputan. Awit ing sajrone kowe njeksani wong, ateges matrapi awakmu dhewe, amarga kowe kang njeksani wong iku, pratingkahmu dhewe iya mangkono uga.
Mulane wiwit saiki aku ora padha mbobot sawiji-wijia wong maneh manut ukuraning manungsa. Lan manawa aku wus padha tau mbobot Sang Kristus cara kadagingan, saiki aku ora padha mbobot Panjenengane kanthi patrap mangkono maneh.
Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”