Nanging manawa ana panunggalane kang munjuk marang Gusti Allah: Kawula sampun ngegungaken badan kawula, nanging salajengipun boten badhe nglampahi piawon malih.
Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.”
Gusti Yesus mangsuli: “Kraton Kula boten saking donya punika; manawi kraton Kula saking donya punika, mesthi tiyang-tiyang Kula sami lumawan ing perang, supados Kula sampun ngantos kaulungaken dhateng tiyang Yahudi. Nanging kraton Kula boten saking ngriki.”
Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”
Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat?
Sabab yen aku padha ngadili wong-wong kang ana sajabaning pasamuwan, iku aku migunakake wewenang apa? Kowe rak mung padha ngadili wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan ta?
“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.
yaiku marang para imam wong Lewi lan marang hakim kang ana ing wektu iku lan nyuwuna putusan. Iku kang bakal padha mratelakake putusaning hakim marang kowe.
Sarta kasabarane Gusti kita anggepen minangka kalonggaran tumrap kowe kabeh, supaya oleh karahayon, iya kaya sadulur kita Paulus kang kinasih anggone wis nulis layang marang kowe miturut saka anggone kaparingan kawicaksanan.