Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:52 - Kitab Sutji

52 Kancane padha mangsuli: “Panjenengan punapa inggih tiyang Galilea? Sumangga panjenengan priksa ing salebeting Kitab Suci; temah panjenengan badhe uninga bilih boten wonten nabi ingkang rawuh saking tanah Galilea.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:52
11 Iomraidhean Croise  

Nanging pangucape wong akeh mau: “Wis, sumingkira!” Karomaneh celathune: “Wong iki tekane ing kene rak dadi wong neneka, kok arep dadi hakim kita! Saiki kowe arep dakajar ngungkuli wong loro iku!” Banjur padha ndhesek wonge, yaiku Lut kalawan seru sarta arep padha mbejad lawang.


Sawuse mangkono Zedekia bin Kenaana maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap: “Mangsa Rohing Yehuwah kok pindhah saka aku banjur ngandika marang kowe!”


Wangsulane wong iku: “Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhe panjenengan pejahi kados anggen panjenengan mejahi tiyang Mesir punika?” Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikane: “Prakara iki genah wus kaweruhan!”


Pangucape Natanael: “Saka Nasaret apa ana barang kang becik?”


Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,


Liyane calathu: “Iku Sang Kristus.” Lan ana maneh kang ngucap: “Dudu, wijile Sang Kristus iku ora saka ing Galilea!


Wong-wong iku mau banjur padha mulih sowang-sowangan,


Wangsulane wong-wong iku: “Kowe iku kalairake sajrone dosa babar pisan, kok arep mulang aku?” Temahan wong iku katundhung.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan