YOKANAN 7:47 - Kitab Sutji47 Wangsulane para wong Farisi marang para wong jaga mau: “Apa kowe iya wus padha disasarake? Faic an caibideil |
nganti sarawuhingsun prelu mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira iki, sawijining nagara kang sugih gandum lan anggur, sawijining nagara kang sugih roti lan kebon anggur, sawijining nagara kang sugih wit jaitun, sugih lenga lan sugih madu; kalawan mangkono sira bakal padha urip lan ora bakal padha mati. Mung bae aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab dheweke ngapusi sira kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita!
Mulane saiki, aja nganti Hizkia ngapusi lan mbujuk sira kalawan patrap mangkene iki! Sira aja padha ngandel marang dheweke, amarga ora ana allahe bangsa utawa karajan ngendi bae kang bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun lan saka ing astane para leluhuringsun, apa maneh Allahira iku, mangsa bisaa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun!”