Kabeh wong padha nganggep bener marang Panjenengane apadene padha kaeraman marang aruming pitembungan kang dipangandikakake, banjur padha cluluk mangkene: “Apa Iku dudu anake Yusuf?”
Lah kok kanthi saenake bae pangucape, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa kirane para panggedhe kita iya wus ngreti manawa Dheweke iku Sang Kristus temenan?
Para wong Farisi tumuli padha krungu yen wong akeh padha grenengan kaya mangkono ing bab Panjenengane, mulane para pangareping imam lan para wong Farisi banjur padha kongkonan para tukang jaga Padaleman Suci dikon nyekel Panjenengane.