Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:42 - Kitab Sutji

42 Amarga manut wirasane Kitab Suci wijile Sang Mesih iku mesthi saka trahe Sang Prabu Dawud.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:42
17 Iomraidhean Croise  

Rama Salma, ramane Betlehem lan Haref, ramane Bet-Gader.


Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Prabu Dawud kalawan supaos, kang mesthi ora bakal diselaki: “Sawijining turunira bakal Sunlungguhake ing dhamparira;


Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun, Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.


Ana trubusan kang bakal thukul saka ing tunggaking Isai, lan ana semen kang tuwuh saka ing oyode kang bakal metokake woh.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.


Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.


Iki sarasilahe Gusti Yesus Kritus, tedhake Sang Prabu Dawud, tedhake Rama Abraham.


Unjuke kang padha kadangu: “Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea, awit ingkang sampun kaseratan dening nabi makaten:


Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”


Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthane Dawud.


Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka ing kutha Nasaret tanah Galilea menyang ing tanah Yudea, menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang aran Betlehem – amarga asale saka ing brayat lan tedhake Sang Prabu Dawud –


Nanging mungguh wong iku kita wus ngreti pinangkane. Mangka samangsa Sang Kristus iku rawuh, ora ana kang weruh pinangkane.”


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Sapira lawase anggonira nandhang prihatin, marga saka Saul? Wong iku rak wus Suntampik anggone dadi ratune Israel? Wadhahira sungu isenana lenga lan mangkata. Sira Sunutus menyang ing omahe Isai, wong Betlehem, awit anake ana kang Sunpilih dadi ratu tumrap Ingsun.”


Sawenehing abdine ana kang munjuk: “Sajatosipun kawula nate sumerep salah satunggaling anakipun Isai, tiyang Betlehem, ingkang pinter nylempung. Tiyang punika prawira gagah prakosa, satunggaling prajurit, ingkang pinter wicara, warninipun bagus, lan Sang Yehuwah nunggil kaliyan piyambakipun.”


Nabi Samuel nuli nindakake apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, lan rawuh ana ing kutha Betlehem. Para tuwa-tuwane kutha kono methukake Nabi Samuel kanthi gumeter lan matur: “Rawuh panjenengan punika punapa kanthi raharja?”


Pandangune Sang Prabu Saul: “He wong anom, sira iku anake sapa?” Atur wangsulane Dawud: “Kawula punika anakipun abdi dalem Isai, tiyang ing Betlehem.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan