Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:4 - Kitab Sutji

4 Sabab sadaya tiyang ingkang ngangkah dados kawigatosanipun tiyang kathah punika rak boten wonten ingkang tumindak kanthi sesidheman. Manawi Panjenengan nglampahi pandamel makaten punika, suwawi Panjenengan ngedheng dhateng jagad.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:4
12 Iomraidhean Croise  

Utusan kang lunga nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, panjenengan mugi inggih mecaa ingkang sami kaliyan satunggal-satunggalipun para nabi wau mugi inggih mecaa ingkang sae.”


Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.


banjur munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog mangandhap, awit wonten seratan makaten: Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”


“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase.


“Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase.


Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”


Wangsulane Gusti Yesus: “AnggonKu mituturi jagad iku ana ing ngedhengan: AnggonKu mulang ing salawase ana ing papan-papan pangibadah utawa ing Padaleman Suci, yaiku papan pakumpulane kabeh wong Yahudi; Aku ora tau rembugan apa-apa kalawan dhedhelikan.


Kang iku sadhereke Gusti Yesus padha matur marang Panjenengane: “Suwawi Panjenengan bidhal dhateng ing tanah Yudea, supados para murid Panjenengan inggih sami sageda ningali pandamel ingkang Panjenengan tindakaken.


Sabab dalah para sadhereke iya padha ora pracaya marang Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan