Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 7:38 - Kitab Sutji

38 Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 7:38
16 Iomraidhean Croise  

Cangkeme wong bener iku sumbering urip, nanging cangkeme wong duraka, iku ndhelikake panganiaya.


Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero, nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili.


Ing kono kowe bakal padha ngangsu kalawan bungah ing etuking kaslametan.


Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan, tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak; amarga ara-ara samun bakal metokake sumber, sarta pasamunan bakal ana kaline;


Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak, lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira.


He sakehe wong kang ngelak, padha mrenea lan ngombea banyu, apadene sira kang ora duwe dhuwit, mrenea! Nampanana gandum tanpa bayar lan mangana, uga anggur lan susu tanpa bayar!


Pangeran Yehuwah bakal tansah nuntun sira lan bakal damel mareming atinira ana ing tanah kang garing sarta bakal nganyarake kakuwatanira; sira bakal kaya patamanan kang kasiraman kalawan becik tuwin kaya sumber kang ora tau gawe gela.


Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Karodene ing dina iku bakal ana banyu urip kang mili saka ing Yerusalem, kang separo mili menyang ing sagara sisih wetan, separone mili menyang ing sagara sisih kulon; bab iku bakal terus mangkono ing mangsa panas lan ing mangsa bedhidhing.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.”


nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”


marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran,


Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarane para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe, yaiku kang kudu kokestokake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan